Sunday, March 26, 2017

TUGAS PRAKERIN XI BPi - Wara-Wara

WARA-WARA
PARIWARA
(advertisement)



1. Pangerten 
      Wara - wara yakuwe sawijining pesen babagan barang/jasa kang digawe dening produsen kang dijelasake lumantar media (cetak, radio, elektronik) utawa papan panggonan umum katuju kanggo umum. Iklan saka basa Yunani ateges nggiring wong marang pamikiran.

2. Media Pariwara
    a. Pariwara Tinulis 
        ana ing media masa/media cetak, cara gawe :
        - Gawe tampilan (layout) kang sederhana
        - Desain warna pilihen warna kang bisa narik kawigaten pamaos.
        - Isi utama (headline) digawe gampang anggone maca.


        - Gaya tulisan 
          1. italic / miring aweh kesan aksi cepet
          2. Kapital kesan formal
          3. Huruf alit kesan ramah/ asor
          4. Aja nggunakake font kapital ing isi / font ukir
          5. Bayangan kesan 3D ing tulisan
          6. Tulisan Script kesan feminin
          7. Aksara kandel kesan maskulin
          8. Maksimal 3-4 jinis font ing pariwara
      b. Pariwara radhio
          ciri-ciri :
          1. Theater of the main : dirungokake kanthi duwe angen-angen.
          2. Pribadi : kaya-kaya ngomong langsung marang pamiyarsane.
          Nulis pariwara kanthi teks :
          - Nulis kanggo micara
          - nulis wujud komunikasi langsung
          - Nulis kanthi kreatif komunikatif
       c. Pariwara TV
           ciri-ciri :
           1. Pesen saka produk
           2. Piranti lewih genep.

3. Jinising Iklan minurut fungsine :
    1. iklan informatif : iklan kang aweh pangerten
    2. iklan persuasif : iklan kang mikut/ ngajak para pamiyarsa
    3. iklan remainder : iklan kang ngemutake pamiarsa ngenani barang/ produk
    4. iklan layanan masyarakat

4. Jinising iklan minurut sifate :
    1. iklan resmi :
    2. iklan ora resmi :

5. Nalika gawe iklan perlu gatekake :
    1. Bahasa lan ukurane cekak aos
    2. Bahasa prasaja, gampang ditampi lan dipahami
    3. Tulisan lan gambar narik kawigaten

5. Tuladha pariwara layanan masyarakat
 

TUGAS :
1.  Salinen materi wara-wara ana ing bukumu!
2. Gawe iklan bahasa Jawa colorfull ing salembar kertas

No comments:

Post a Comment