Sunday, January 15, 2017

TUGAS PRAKERIN XI BPi - Cerita Rakyat

CERITA RAKYAT
( folklore )


1. Pangerten 
       yakuwe cerita kang ngrembaka ing sawijining dhaerah lan dianggep kasil karya kolektif / bebarengan karo masyarakat ing papan kuwe.

2. Unsur cerita rakyat
    1. Tema : ide pokok crita
    2. Setting : latar dasar kang mbantu cethaning laku crita (latar panggonan, latar wektu,
        latar swasana)
    3. Sudut pandang : pamandange kang ngarang nyritakake tokoh, barang, papan, kewan, lspt.
    4. Alur : rerangkening prastawa ing crita. (alur maju, alur mundur)
    5. Penokohan : nggambarake karakter pelaku/ paraga.
    6. Konflik : perkara kang dadi punjere crita.
    7. Amanat
    8. Gaya Bahasa

3. Ciri-ciri crita rakyat
    1. Anonim : ora ana sing ngerti sapa kang nganggit/ ngarang.
    2. Kolektif : crita kuwe duwene masyarakat bebarengan.
    3. Dicritakake kanthi lesan.
    4. Dicritakake kanthi generasi ka generasi (turun tumurun).
    Ciri kasebut bisa ngowahi/ ngrubah lan ditambah-tambahi mula akeh versi crita.

4. Wujud crita rakyat
    1. Mitos : crita dianggep bener-bener kedadean ing alam daratan, segara uawa langit.
        Tuladha : Kanjeng Ratu Kidul
    2. Legenda : crita dianggep bener-bener kedadean sawijining papan panggonan.
    3. Dongeng : Crita sing ngayawara, ora bisa dipercaya.

5. Sinopsis
    yakuwe ringkesan crita. Unsur nulis sinopsis :
    1. Tema
    2. Latar
    3. Alur
    4. Penokohan

6. Tuladha crita rakyat :
    Rawa pening, Gunung Tampomas, Nyi pandan sari, Nyi Roro Kidul, Kembang Wijayakusuma, lsp.

7. Wimbuh kawruh
    Jinising tembung basa:
   1. Tembung ngoko, tuladha : turu, adus, mangan, lunga, mulih, lsp
   2. Tembung netral : tembung kang ngoko nanging ora krama,
        tuladha : cendhela, sapu, kats, ayu, bagus, gantheng, lsp.
   3. Tembung krama andhap, tuladha : sowan, matur, dherek, lsp.
   4. Tembung krama inggil, tuladha : dalem, rawuh, tindak, ngunjuk, lsp. 


Tugas :
1. Padosaken cerita wonten dhaerahmu dhewek!
2. Analisis cerita wau kanthi jangkep ing bukumu!
3. Damelana ringkesan crita rakyat wonten buku.
4. Kalebu cerita apa cerita kang sampun diserat wau!
5. Seratana Materi cerita rakyat wonten nginggil wonten buku!

No comments:

Post a Comment