Wednesday, May 10, 2017

TUGAS PRAKRIN - Teks Eksposisi Seni Pertunjukan

TEKS EKSPOSISI
SENI PERTUNJUKAN


Teks eksposisi yakuwe wacan kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos.

Gunane teks eksposisi :
1. aweh informasi kanggo pamaos
2. aweh pangerten kanggo pamaos

A. Bab kang diinformasikake :
     * data faktual
     * sawijining analisis utawa penafsiran objektif marang fakta
     * Fakta ngenani pawongan kang nganggo keyakinan
B. Njelasake proses kanggo mangsuli pitakonan :
     * Kepriwe sawijinging pakaryan?
     * Kepriwe sawijining dumadi?
     * Objek utawa bab iki kalebu tahap kang endi?
     * Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap endi bae?
C. Perangan ana ing teks eksposisi:
     * Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan.
     * Mbutuhake fakta kayata angka, grafik, gambar lsp.
     * mbutuhake analisis kanggo ngudari bahan lan fakta
     * Nggoleti sumber ide saka : pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan.
D. Pathokan nulis eksposisi :
     * Jlentehake sawijining bab
     * isi karep ngundang reaksi pamaos
     * Gaya informatif lan nyenengake
     * Bahasa pawarta subjektif lan profesinal
     * Njembarake pangerten pawongan