Wednesday, May 10, 2017

TUGAS PRAKRIN - Teks Eksposisi Seni Pertunjukan

TEKS EKSPOSISI
SENI PERTUNJUKAN


Teks eksposisi yakuwe wacan kang njlentrehake utawa medharake sawijining bab kanggo pamaos.

Gunane teks eksposisi :
1. aweh informasi kanggo pamaos
2. aweh pangerten kanggo pamaos

A. Bab kang diinformasikake :
     * data faktual
     * sawijining analisis utawa penafsiran objektif marang fakta
     * Fakta ngenani pawongan kang nganggo keyakinan
B. Njelasake proses kanggo mangsuli pitakonan :
     * Kepriwe sawijinging pakaryan?
     * Kepriwe sawijining dumadi?
     * Objek utawa bab iki kalebu tahap kang endi?
     * Objek utawa garapan iki dumadi saka tahap endi bae?
C. Perangan ana ing teks eksposisi:
     * Njlentrehake panemu, gagasan lan keyakinan.
     * Mbutuhake fakta kayata angka, grafik, gambar lsp.
     * mbutuhake analisis kanggo ngudari bahan lan fakta
     * Nggoleti sumber ide saka : pengalaman, pengamatan, sikap lan keyakinan.
D. Pathokan nulis eksposisi :
     * Jlentehake sawijining bab
     * isi karep ngundang reaksi pamaos
     * Gaya informatif lan nyenengake
     * Bahasa pawarta subjektif lan profesinal
     * Njembarake pangerten pawongan
 
Tuladha seni pagelaran Jawa:
- kethoprak, ludrug
- wayang : wayang golek, wayang wong, wayang kulit
- sandiwara : ajaran kasirat/ sininggit
- unsur sandiwara :
1. Tema
2. Paraga
3. Watak
4. Alur
5. Amanat
6. Gaya bahasa

* Jinising sandiwara :
- Dramatikal yaiku sandiwara kang diparagakake karo saperangan wong utawa paraga kang dibarengi salah bawa.
– Pantomin yaiku sandiwara kang diperagakake kaliyan gerak-gerik ananging boten wonten dialog namung wonten musik  lan ekspresi saking rupane lakon.
– Komedi yaiku sandiwara kang diperagakake karo geguyonan kang sifate nyindir lan pungkasane seneng-seneng.
– Parodi yaiku salah satunggaling wujud dialog antarane naskah saha oposisi (kontras).

Unsur kang ana ing pagelaran Jawa:
1. Unsur Intrinsik : tema, alur, tokoh, penokohan, latar lan amanat
2. Unsur Ekstrinsik :

Wimbuh kawruh:
1. Purwakanthi
yakuwe Tembung ngajeng kagandeng tembung wingkinge.
Jinise :
- Purwakanthi guru swara : swara/ guru swara kang runtut
tuladha : alon-alon waton kelakon
- Purwakanthi guru sastra : sastrane/ huruf ngajenge kang runtut.
tuladha : tatag tutug tanggap tanggon
- Purwakanthi lumaksita : tembung saderenge diwangsuli malih
tuladha : Susanti kembang desa, desa blambangan

2. Parikan
yakuwe unen-unen kang duweni paugeran ajeg.
- cacahe wanda/ suku kata,  kudu pada karo ukara kapindho
- Ukara ngarep kanggo bebuka, ukara wingking kanggo isi/ wose
- tibaning swara ukara sapisan, kudu pada karo ukara kapindho
- parikan 2 gatra, 4 gatra,
- parikan bisa saka 4 wanda/ suku kata lan bisa 8 wanda/ suku kata
Tuladha : Ngasah arit, nganti landhep
                Dadi murid, kudu sregep. 

3. Wangsalan
yakuwe unen-unen saemper plesetan cangkriman nanging batangane/ jawabane uwis cetha.
tuladha:
Kembang duren, dadi bocah aja lengob (Kembang duren arane dlongop diplesetake dadi lengob)

4. Basa Rinengga
yakuwe sastra rinacik mawa basa kang endah.

TUGAS
1. Ringkesana Materi ing dhuwur ng bukumu!
2. Gawea wacan eksposisi ngenani ketoprak utawa sandiwara utawa pantomim utawa komedi ing bukumu,Milih salah setunggal!


6 comments:

  1. Assalamungalaikum Wr Wb Saya Sagita Wulandari dari kelas X Akuntasi 3 sudah menyelesaikan tugas Tembang Pangkur .Ini link nya * https://youtu.be/c6VhfK0z1JU *

    ReplyDelete
  2. Assalamualaikum wr.wb saya Dwi Winda Astuti kelas X AK 2 sudah mengerjakan tugas menyanyi tembang pangkur. Di https://youtu.be/Kqq51PEyvf4

    ReplyDelete
  3. Assalamualaikum wr.wb saya Dwi Winda Astuti kelas X AK 2 sudah mengerjakan tugas menyanyi tembang pangkur. Di https://youtu.be/Kqq51PEyvf4

    ReplyDelete
  4. Assalamu'alaikum Wr. Wb. Bu Saya Ristalia Dwi Safitri XAK@ perwakilan dari kelompok 2 ingin melaporkan bahwa kami telah selesai melaksanakan tugas bahasa jawa. Ini adalah link blognya bu : http://pelajar1906.blogspot.co.id/. Terimakasih bu Mus

    ReplyDelete
  5. Assalamualaikum Wr.Wb. Bu saya Dwi Winda Astuti perwakilan dari kelompok 7 telah menyelesaikan tugas kelompok pawarta kami.ini link blognya http://manfaat-berolahraga.blogspot.co.id/2017/11/ekstra-pmr-skansa.html?m=1. Terima kasih

    ReplyDelete