Thursday, January 12, 2017

Sekar Gambuh

Sekar Gambuh
(Serat Wedhatama)

KD : 3.6  Menelaah teks Serat Wedhatama pupuh Gambuh.

TUJUAN : Menentukan informasi tentang filosofi, struktuk, watak dan nilai-nilai luhur  Serat Wedhatama pupuh Gambuh  dengan rasa tanggung jawab, jujur, disiplin, , peduli , santun, dan responsif selama proses pembelajaran.

 Cakepan

Sekar gambuh ping catur
Kang cinatur polah kang kalantur
Tanpa tutur katula-tula katali
Kadaluwarsa katutur
Kapatuh pan dadi awon
1. Watak : rumaket, samedulur
2. Makna : Nggambarake wong enom kang ngancik/ ngarepake dewasa.
3. Tegese : 
    Gatra 1 : Tembang Gambuh kaping papat
    Gatra 2 : Kang dadi omongan kuwe tumindak kang ora teratur/ ora apik
    Gatra 3 : Tanpa pitutur/ nasihat saya suwe saya ndadi
    Gatra 4 : Nalika wes kepatuh
    Gatra 5 : kepatuh dadi elek kanggo awake dewek



4. Pitutur tembang Gambuh serat Wedhatama : 
    1. Ngajarake tumindak kabecikan
    2. Ngajarake teguh lan santosa bebudine
    3. Nalika guneman nganggo aturan
    4. Ngajarake minangka Agama cagaking urip
    5. Sembah raga yakuwe nyembah Gusti
    6. Sembah cipta yakuwe ngendhaleni hawa nepsu
    7. Sembah sukma yakuwe ngresiki batin waspada lan eling
    8. Sembah rasa yakuwe diyakini kanthi ati
5. Teknik nulis tembang macapat :
     1. Diksi : pamilihe tembung kanggo mandeg
     2. Dasanama : sepuluh aran/ sinonim basa kawi
         Tuladha : catur : canten, gunem, kandha, kocap, celathu, 
     3. Sandiasma : aran kita kanggo tenger nulis tembang
         Manungsa urip iku
         Upaya kanggo panguripan
         Sangune ing alam donya
     4. Baliswara : Tembunge diwalik
         Anoman sampun mlumpat -> Anoman mlumpat sampun
     5. Plutan : Satembung kang disuda sahuruf
         Malumpat ->mlumpat
     6. Garba : Rong tembung dadi satembung 
         Esih enom -> sinom
     7. Uluran : Ater-ater, seselan, panambang
         Sinuba -> suba + seselan in
     8. Wancahan : Cekakan 
         Amrih -> mrih, Sule -> susu kedele
     9. Purwakanthi : guru sastra, guru swara, guru lumaksita
         - Guru swara : Gemi nastiti ati-ati
         - Guru Sastra: adigang adigung adiguna
         - Lumaksita : Susi kembang desa, desa Blambangan

TUGAS : Download tembang Gambuh sinauni! 

1. Diserat materi wonten buku! Kintu via GC!!! 



No comments:

Post a Comment