Sunday, January 11, 2015

WAYANG

1. Pangertene Wayang
  • Wayang yakue sawijining wujud seni pagelaran kang awujud drama kang khas.
  • Seni kang kamot ing sajeroning pagelaran iki yakue Seni sastra, seni musik, seni tutur, seni lukis.
  • Saka abad 19 wayang nganti siki, seliyane kanggo kesenian wayang uga ngamot pralambang    
2. Unsur Cerita Wayang
  • Tema, Wos surasane crita/ isi, Latar/ setting, Ringkesan, Penokohan, Sudut pandang, Konflik, Pesen, Alur
3. Nilai Saking Carita Wayang
  • Tanggap ing sasmita/ empati,  
  • Jujur,  
  • Mad Sinamadan/ Saling menghargai,  
  • Tanggung Jawab,  
  • Keadilan,  
  • Ngabdi maring negara/ Loyalitas
4. Jinising Wayang 
  • Wayang purwa  : Wayang kagawe saka kulit (lulang) critane mahabarata lan Ramayana 
  • Wayang wong : Wayang sing ditindakake dening wong,critane mahabarata lan Ramayana
  • Wayang golek : Wayang saka lulang  kawangun golek,critane mahabarata lan Ramayana
  • Wayang suluh :Wayang saka lulang kawangun wong,critane panguripane wong
  • Wayang beber : Wayang wujud gambar jejeran saka kertas kandel/ mori sing wis digambari,critane R  Panji inu kertapati lan dewi sekartaji
  • Wayang wahyu : Wayang saka lulang kawangun wong,critane bab penerangan agama (khatolik )  
  • Wayang menak : Wayang saka kayu kawangun wong,critane wong agung jayengrana,lmarmayam lan imarmardi ( dakwah agama islam )  
  • Wayang krucil : Wayang saka lulang cilik-cilik,tabgane wudhar siji,sijine malang kerik critane bab babad 
  • Wayang madya : Wayang saka lulang ,nalika jaman demak,critane mahabarata  
  • Wayang potehi : Wayang wujud boneka,cilik-cilik critane jaman kraton tar tar/babad cina  
  • Wayang jemblung : Wayang saka kayu,kawangun wong sumebar ing daerah pasisir lir pulo jawa,blora,cepu,critane bab cacad ( kaya kethoprak )
  • Wayang gedhog/wasana : Wayang sing kagawed saka lulang ,critane R panji inukertapati
  • Wayang klitik/kancil/dupara : Wayang sing kagawe saka kayu gapeng,wayanag sing kagawe saka lulang crita kancil 
  • Wayang Sadat : Wayang kulit, Babad Demak, Babad tanah Jawa (wali) 
  • Wayang Jawa : Wayang kulit/ Karton , Babad Demak (Mataram)
5. Paraga Wayang 
  • Ramayana   
Paraga Ramayana ing  budaya pewayangan Jawa dipundhut saking mitologi Hindu di India. Paragane yakue : Rama Wijaya, Lesmana, Sinta, anoman, Dasamuka, Kumbakarna, Wibisana, Sugriwa lspt
  • Mahabharata
Paragane yakue : Pandhawa, Kurawa, Setyaki, Sengkuni, Durna, Bisma, Kunthi, Karna, Drupada, Drupadi, lspt
  • Punakawan  
Punakawan nalika cerita saka Jawa. Pembantu utawa pengasuh Pandawa nang wayang kulit muncul nalika gara-gara, paragane : Semar, Gareng, Pitruk, Bagong, Togog
Banyumas : Semar, Pitruk, Bagong, Bawor
 

1 comment: