Monday, October 17, 2016

Pawarta X AK 1

isenen komentar karo gladhen pawarta kang wes digawe kanthi kelompok
format :
aran kelompok : _________
anggota : 1.___
                2. ___ lsp.

Judul pawarta
isi pawarta

10 comments:

  1. Kelompok E-Club :
    Alfa riski H (4)
    Fiorentina natashya A. C(12)
    Leli istiqomah(18)
    Tri Utami (30)
    Yunita Eka M(36)

    E-Club Skansa Wadah Wirausaha

    BAWANG - Pembina E-Club Uswatun Khasanah, Senen (17/10) ngutarake yen ekstrakulikuler E-Club dadi wadah wirausaha kanggo siswa, lan siswi SMK N 1 Bawang. Ekstra E-Club iki nembe dianakake kurang luwih rong taun kepungkur.
    Saiki anggota E-Club kurang luwih 170 siswa kelas X, XI, dene diketuani Eka Prihatin XI BPI 2. Ekstra E-Club dianakake saben dina Selasa, bubar sekolah nganti jam 4 sore. Ing ekstra E-Club siswa diwaraih babagan wirausaha, tuladhane ngolah panganan, cara masarake produk , lan ngelola duit. "Minggu iki arep dianakake pelarian kewirausahaan ngolah produk panganan ing gedung PGRI, " ngendikane Uswatun Khasanah.
    Manfaate ekstra E-Club yaiku nglatih mandiri, sinau tanggung jawab, lan nglatih ketrampilan ben dadi wirausahawan sukses.

    ReplyDelete
  2. Kelompok Nyopot Sepatu
    1. Afifah Gintan A (01)
    2. Arsyad Pambudi (07)
    3. Desti Puspa Sari (08)
    4. Iva Wahyu Utami (15)

    Skansa Nyopot Sepatu
    Guru perikanan SMK N 1 Bawang, Hanif, ngendhika yen tradisi nyopot sepatu dianakake wiwit tahun 2012/2013, yaiku wiwit ana jurusan perikanan. Kepala sekolah gawe aturan nyopot sepatu amarga akeh peralatan kang ora ulih kenang lebu , kaya dene LCD, komputer, lan liya-liyane.
    Papan kang diwajibake nyopot sepatu yaiku nang kelas, lab, koperasi, perpustakaan, lan mushola. Salah sijine siswa, Almaidah Nur Azaroh, kandha yen wiwite nyopot sepatu kaget, nanging suwe-suwe dadi biasa amarga nyopot sepatu akeh gunane.Kaya dene kelase dadi bersih lan bisa mbantu ngenthengaken piket kelas, utamane jogan.

    ReplyDelete
  3. Kelompok Dokter SMK :
    -Afriyani Yuliana (02)
    -Ilham Ardiansyah (14)
    -Muhammad Fadilah (20)
    -Puteri Setiani (25)
    -Yayah Khoeri Sunjaya (34)

    PRESTASI PMR SKANSA
    BAWANG, Senen(17/10) PMR Skansa wis ngraih akeh kejuaraan kang mbanggakaken. Anan Restu Wijaya, salah sijine siswa SMK N 1 Bawang kanh meloni ekstra PMR Skansa. Anan tertarik meloni ekstra PMR amarga PMR iku identik kalih tulung tinulung. Ekstra PMR Skansa dianakake saben dina Selasa. "Juara kang wis diraih PMR Skansa yaiku:Juara 1 Pertolongan Pertama, teng UNES; Juara 1 PK Jumbara tingkat kabupaten, teng Sigaluh; Juara 1 P3K tingkat Provinsi, teng UNSOED" Pituture Anan.
    PMR nduweni tugas, salaj sijine nangani siswa kang semaput. Cara nanganine yaiku : Dievakuasi, samparane didhuwurake, banjur agemane dilonggarake. Nalika wonten pasien kathah, diprioritasaken kang luwih parah ndisit. Suka duka kang dirasakake petugas PMR yaiku seneng, sedhih, susah si wonten, tapi luwih kathah senenge. Lan saniki PMR seg nyiapake persiapan lomba Jumbara, semoga menang malih, supaya bisa mbanggakake SMK N 1 Bawang.

    ReplyDelete
  4. Pramuka
    1. Fera Erina S (11)
    2. Mileni Wahyu Nisa O (19)
    3. Umi Fijayanti (31)
    4. Vivin Dian Farizi (32)

    Pramuka Skansa Nuwuhake Sikep Disiplin

    Bawang.Werna-werna ekstra ing SMK N 1 Bawang,salahg sijine ekstra pramuka. Pramuka dianakake kangge nuwuhake kapribadian siswa kang apik,salah sawijine yaiku sikep disiplin. Selaine nuwuhake sikep disiplin,pramuka uga bisa nglatih siswa supados tulung-tinulung,mandiri,lan ngertos tanda-tandanipun alam.
    Pramuka SKANSA sampun angsal kathah prestasi. Salah satunggale RAIJAB kaping 4 Banjarnegara,Juara 1 Fotografi Jurnalistik Putri,Juara 3 Fotografi Jurnalistik Putra,Juara 3 Pertendaan Putri, lan tesih kathah malih. Prestasi iku bisa diraih karo dukungan saka pembinane,antarane Bambang Yatiman, Purna Adi, Erlin Wahyuni, Rofikah Dwi Susanti,
    Mohammad Sofaul Huda, Tyas Kartika Utami, Arif Purwono, lan Fena Rofi’ah.
    Tyas Kartika Utami ngendika “ Pramuka SKANSA sampun maju nanging diasah malih kangge nyiptakake prestasi liyane”.

    ReplyDelete
  5. STP2K Ana Tilang
    1. Devi Triana (09)
    2. Dina Nur Hasanah (10)
    3. Nurul Anggraeni (23)
    4. Puji Narwanti (24)
    5. Wahyuni Dwi Saputri (33)

    STP2K Gawe Disiplin Siswa
    SMK N 1 Bawang nerapake STP2K yaiku singkatan saka Satuan Tugas Pelaksana Pembinaan Kesiswaan kang dianakake wiwit taun 2013. Tujuane gawe disiplin siswa,kang dibina Farikha S.pd Waka kesiswaan.
    Senen (17/10) Farikha Waka kesiswaan ngendika "Pelanggaran ingkang sering dilakokake yaiku telat,ora tertib seragame,ana siswa wektu upacara telat,ora melu upacara lan sepatu kang ora trep karo aturan sing ana ning sekolah". Saben-saben pelanggaran kang dilakokake nduweni sanksi,salah sijine kartu tilang. Kartu tilang yaiku kartu kang diwehna marang siswa nalika siswa iku nglanggar peraturan.
    Wiwit dianakake kartu tilang ning STP2K marakake siswa dadi lewih tertib lan jarang nglakokake pelanggaran.

    ReplyDelete
  6. This comment has been removed by the author.

    ReplyDelete
  7. Kelompok Ekstrakurikuler ( teater )
    * Frida syakirotul R.
    * Nuha Rohmatun S.
    * Putri Nur Laeli
    * Retno Tri W.D
    * Yuni Kurniasari

    SKANZA Ngasah Bakat Lewat Teater
    Bawang-Akeh jenis ekstra ing SMK N 1 Bawang, salah sijine ekstra Teater ibgkang kangge ngasah bakat siswa ing seni peran lan nyediakake wadah kangho ngekspresikaken dhewe.
    "Ekstra teater skanza wis ana wiwit taun 2012." Jlentrehe Arif Deni Wibawono, pembina teater skanza. Ekstra iki diadakake ing aula Ki Hajar Dewantara saben dina senin lan kemis. Anggota ekstra yaiku saking kelas X ana 28 siswa, kelas XI ana 8 siswa, lan kelas XII uga ana 8 siswa. Arif Deni Wibawono uga njlentrehake menawa teater Skanza ngundang pembina sekang njaba yaiku Sidik Wirawan. Ekstra teater anggadahi kejuaraan ingkang kathah, antara liya juara sutradara terbaik, penampilan terbaik, lan aktor terbaik ing taun 2015.

    ReplyDelete
  8. Kelompok Kantin :
    1. Alya Tiara Nugraha
    2. Kinanthi Nur Rahayu
    3. Murti Asih
    4. Tania Nur Fatonah

    Surga Jajanan SKANZA
    SMK N 1 Bawang gadah siswa kurang luwih 2000 siswa. Kanggo nyediani pangan para siswa SMK ndueni kantin. Kantin kuwe nyediakake akeh jenis jajanan kang dadi surgane bocah SKANZA.Salah sawijine kantin Bu Fitri, kang nyediakake akeh jajanan ingkang disenengi siswa SKANZA yaiku nasi rames,nasi goreng ,lan kupat tempe.Ibu Fitri sadean melai 2010.Saben dinten Bu Fitri sadean lewih saking sedoso macem jajanan.
    Sasuwene sadean 6 tahun ing SMK N 1 Bawang , Bu Fitri sampun ngertos katah sifat - sifate bocah SKANZA . Bocah SKANZA iku akeh ingkang jujur, nanging tesih wonten ingkang mboten jujur . Kadang wonten ingkang mboten bayar jajanan kang wis dimaem . Bu Fitri angsal untung saben dintenipun mboten gedhe , nanging cukup kangge nyukupi kebutuhan . Amarga wonten kantin SKANZA,bocah SKANZA mboten jajan ing jaba sekolahan .

    ReplyDelete
  9. Kelompok Ekstrakurikuler ( teater )
    * Frida syakirotul R.
    * Nuha Rohmatun S.
    * Putri Nur Laeli
    * Retno Tri W.D
    * Yuni Kurniasari

    SKANZA Ngasah Bakat Lewat Teater
    Bawang-Akeh jenis ekstra ing SMK N 1 Bawang, salah sijine ekstra Teater ibgkang kangge ngasah bakat siswa ing seni peran lan nyediakake wadah kangho ngekspresikaken dhewe.
    "Ekstra teater skanza wis ana wiwit taun 2012." Jlentrehe Arif Deni Wibawono, pembina teater skanza. Ekstra iki diadakake ing aula Ki Hajar Dewantara saben dina senin lan kemis. Anggota ekstra yaiku saking kelas X ana 28 siswa, kelas XI ana 8 siswa, lan kelas XII uga ana 8 siswa. Arif Deni Wibawono uga njlentrehake menawa teater Skanza ngundang pembina sekang njaba yaiku Sidik Wirawan. Ekstra teater anggadahi kejuaraan ingkang kathah, antara liya juara sutradara terbaik, penampilan terbaik, lan aktor terbaik ing taun 2015.

    ReplyDelete
  10. kelompok dodolan :
    - Ahmad Azka
    - Alpryancha Pinshie S
    - Jenni Trisnawati
    - Shelina Susanti

    “Kantin Mlaku”

    SMK N 1 Bawang siswa siswine akeh sing dodolan nang sekolahan. Kang diarani Kantin Mlaku amarga kang cara dodolane mlaku turut kelas-kelas.
    Arsyad Pambudi, Senin (17/10). Ngandarake yen dodolane iku kelompok, Kang modal awal mukur 60.000 saka urunan anggota kelompok iku. dina ganti dina kelompok dodolane arsyad muter otak utawa nguyak strategi mekene dodolane tambah maju. Strategine yaiku dodolan ora nganggo modal, yaiku nganggo cara mundut jajanan saking tetanggane lan diwei keuntungan 20%. Rugi saking cara niku uga mboten akeh mung rugi wektu lan tenaga.
    Arsyad ugi ngendika yen dodolan niku nduweni manfaat yaiku salah sijine bisa nggo nglatih kemandirian, jiwa kewirausahaan lan nduwe akeh kanca.

    ReplyDelete