Monday, January 11, 2016

XII BPi 2

Tugas Tembang

21 comments:

  1. Nama : Dhevy Romadhianti
    kelas : XII Bpi 2


    bocah sekolah kudu teliti
    lan uga seneng garapi tugas
    tugas lan pelajarane
    kabeh mau wis kudu
    bisa kang kudu dilakoni
    lan dadi tanggung jawab
    cah sekolah mau
    sing bisa kudu semangat
    kanggo sangune masa depan kang apik
    lan urip kang kepenak

    ReplyDelete
  2. Nama: Mohamad Alfin Firori
    Kelas : XII BPI 2
    Absen: 22

    Niat iku saking njero ati
    Pada nyambut gawe nganggo niat
    Mestine apik hasile
    Hasile pan nggo sangu
    Mangsane dadi kaki-nini
    Urip wani rekasa
    Panas udan mendung
    Mumpung isih bocah
    Nggolet sangu nggo masa tua lan mati
    Nggoleti sing kepenak

    ReplyDelete
  3. Nama : kristi waryanti
    kelas : XII BPi 2
    absen : 21
    Tembang dhandanggula
    Dadi wong kudu becik lan resik
    Supayane bisa urip tentram
    Njagani awake dhewek
    Bisa njaga lelaku
    Emut marang kang gawe urip
    Lan aja lali sholat
    Dadi bocah manut
    Aja mbantah meng wong tua
    Lan aja lali marang kang gawe urip
    Supaya urip begya

    ReplyDelete
  4. Nama : Yudha Noviyantoro Aji
    Kelas : XII BPi 2
    Absen : 39

    Senajan cilik duweni nyali
    Nyali ngangkat nilai kabecikan
    Ing papan panggonan kene
    Panggonane leluhur
    Sekabehan kudu ngormati
    Nilaine Pancasila
    Ingkang saged luntur
    Saking ati lan pikiran
    Sadaya warga sapenjuru negeri
    Negri Indonesia

    ReplyDelete
  5. Nama : haryati oktafiani
    Kelas : XII Bpi 2
    Absen : 16
    Tembang dhandanggula
    Bocah wadon sing sregep ngumbai
    Nyambut gawe ngrewangi wong tua
    Manut marang sa prentahe
    Iku patut ditiru
    Ojo gampangan cupet ati
    Bocah sing sering gela
    Didohi sadulur
    Kaya iku ora guna
    Mugane yo ojo podo dilakoni
    Iku becik utama

    ReplyDelete
  6. Nama : Neni prasetya
    Kelas : XII Bpi 2
    Absen : 24

    Samangsa wisesaning pambudi
    Lenggana sakalir kang utama
    Naging akhirat wewesen
    Aja ngasi nalutuh
    Sirnakna karnadaning ati
    Wiryaning iku raga
    Bakal dadi diyu
    Kemangka kudu ibadah
    Esthinipun kahardaning urip iki
    Mamrih kasidan surga

    ReplyDelete
  7. nama : Isnaeni Dwi Hastuti
    kelas : XII BPi 2
    absen : 18

    saben maghrib anggone ngaji
    nyuwun pangapura ingkang dosa
    marang Maha Penciptane
    amarga kanggo sangu
    salah sawiji ingkang penting
    ing dunya lan akhirat
    tiyang gugu elmu
    Gusti maha pencipta
    tiyang kudu ngelmu ingkang pinter ngaji
    iku watake tiyang

    ReplyDelete
  8. Nama : Nasikhudin Lutfi
    Absen : 23
    Kelas : XII BPi 2

    (tembang dhandanggula)

    lelabuhanipun jaman siki 10i
    saya lelunture saya dina 10a
    laku becik ditinggalke 8e
    maksiat saya maju 7u
    urip tentrem gur mimpi-mimpi 9i
    anane mung prakara 7a
    gawe ati ngilu 6u
    priyatin, kesuh, melangsa 8a
    yen ngadepi kahanan kaya saiki 12i
    mung pasrah lan donga 7a

    blog : dandhanggula.blogspot.com

    ReplyDelete
  9. Nama : Krisdiyanto Permadi
    Absen : 20
    Kelas : XII BPi 2

    tembang dhandanggula

    arek-arek siki pada lali
    yen dunia wis arep kiamat
    akeh sing pada nyelelek
    uripe dadi lesu
    ora mikir budi pekerti
    kudune sing waspada
    senenge kesusu
    ora pada panjang akal
    mbok tulung wong urip yo sing pada eling
    sangune ning akhirat

    ReplyDelete
  10. Nama: Aransyah Juni Pratama
    No : 05
    Kelas XII BPi 2


    Tembang Dhandanggula

    Tresna ku meng kowe nganggo janji
    aku temenan udu dolanan
    aku seneng kowe mesem
    ngademaken atiku
    mergane, kowe tak tresnani
    janji sing temenanan
    janji nggo sliramu
    tetep ana lan setia
    anggone tresna suci ingkang abadi
    kanggo manggon ing dunya

    ReplyDelete
  11. Nama : Fakhry A Humam
    Absen : 13
    Kelas : XII bpi 2



    Tembang Dhandhanggula


    Nanging yen sira ngguguru kaki,
    amiliha manungsa kang nyata,
    ingkang becik martabate,
    sarta kang wruh ing kukum,
    kang ngibadah lan kang ngirangi,
    sukur oleh wong tapa,
    ingkang wus amungkul,
    tan mikir pawewehing liyan,
    iku pantes sira guronana kaki,
    sartane kawruhana.

    ReplyDelete
  12. Nama : Nofiana RA
    Kelas : XII BP 2


    Tembang Dhandhanggula


    Saben esuk aku mesthi tangi
    Adus lan aku ngresiki kamar
    Yen iku wis siyap kabeh
    Ndonga mring Maha Agung
    Dhimen slamet lancar rejeki
    Pikantuka barokah
    Saka Maha Agung
    Yen wis tekan ing sekolah
    Sing temen sinau lan anggolek ilmi
    Supaya urip bungah

    ReplyDelete
  13. Nama :Eva Agustia
    Kelas : XII BP 2
    Absen : 12

    Tembang Dhandhanggula

    Kabeh nang dunya iku makardi
    Kanthi Sang Gusti tansah makarya
    Nguripi dunya tan leren
    Tanpa pamrih lan mungkur
    Dasare kue ngrasa wajib
    Anane panguripan
    Nggayuh yuning ilmu
    Mula lumaku makarya
    Lumaku sepi pamrih lahir lan batin
    Kabeh kue hukum alam

    ReplyDelete
  14. Nama : Jihani Rodhiyatun
    Kelas : XII BP 2
    Absenn : 19

    Tembang Dhandhanggula
    Lamun sira anggeguru kaki
    Amiliha manungsa kang nyata
    Ingkang becik martabate
    Sarta kang wruh ing hukum
    Kang ngibadah lan kang wirangi
    Sokur oleh wong tapa
    Ingkang wus amungkul
    Tan mikir pawewehing lyan
    Iku pantes sira guranana kaki
    Sartane kawruh ana

    ReplyDelete
  15. nama : sulistiana dewi
    kelas : XII BPi 2
    absen : 35

    Saben esuk aku mesti tangi
    Adus lan aku ngresiki kamar
    Yen kuwe wis siyap kabeh
    Ndonga meng Maha Agung
    Dhimen slamet lancar rejeki
    Pikantuka barokah
    Saka Maha Agung
    Yen wis tekan ing sekolah
    Sing temen sinau lan anggolek ilmu
    Supaya urip bungah

    ReplyDelete
  16. nama : Galar Alan Sandiargo
    kelas : XII Bpi 2
    No : 014


    Amung konjuk mring saha paduka Gusti
    Hamba nyembang saha kumawula
    Angrerepe dhepe dhepe
    Hamba nyuwun pitulung
    Tine dahna margi kang yekti
    Margine tiyang katha
    Ingkang bagyo tuhu
    Paduka paringi nikmat
    Sener margi bebandulan sasarsami
    Amin tutup ing donga

    ReplyDelete
  17. nama : Anugerah Bayu D S
    kelas : XII Bpi 2
    No : 04

    Manunggaling prawarga sayekti
    Amimbul santosa ing praja
    Sayuk rukun sakabehe
    Sayekti nunggal kayun
    Uga nunggal lahir lan batin
    Tan cingkrah cecangkrahan
    Anyawiji sampun
    Rukun agawe santoso
    Madhep manteg saiyeg mbela nagari
    Ilang sagung rabeda

    ReplyDelete
  18. nama : Haedar Aly T
    kelas : XII Bpi 2
    no : 15


    Ingkang kamot ing surat Al Ashri
    Surat ingkang kaping satus tiga
    Mungtelung ayat cacahe
    Kapisan tegese nipun
    Dhemi wektu utawi wanci
    Mangkono werdinira
    Wigati ning wektu
    Datange mung arep Ashar
    Aji ning wektu yekti tanpa utami
    Ya kong si tanpa guna

    ReplyDelete
  19. permisi numpang promo mas admin matur suwon njeh...
    Salam para POKERMANIA....
    Dalam Event Ulang Tahun Poker99.net situs poker online terbaik & terpercaya mengadakan
    Hot Promo Poker99.net Edisi Ramadhan :
    - Bonus Extra Deposit 10% ( Max 50Ribu )
    - Dalam 1 hari bonus hanya di berikan 1 kali
    - Maksimal bonus yang di berikan 50.000 / hari
    - Pengambilan bonus harus di konfirmasi ke live chat terlebih dahulu
    - Minimal turn over harus mencapai 3x dari nilai deposit anda
    NB : jika ada terdapat unsur kecurangan maka bonus akan kami tarik kembali

    Mari segera daftarkan diri anda dan nikmati bonus deposit nya setiap hari :)
    LINK >>> http://poker99.co/

    Jangan Lupa Memberitahukan Promo Menarik ini kepada Kerabat Anda.
    Silakan hubungi kontak kami di :
    WEB : http://poker99.net/
    LINK ALTERNATIF : http://kartu99.net/
    LIVECHAT : http://bit.ly/1TTxFqq / http://bit.ly/1WCbo4A
    FB : http://bit.ly/1TP3NJ2
    PiN BB : 5C0356AE
    WA : +669 8314 500
    YM : Poker99_cs1

    ReplyDelete